B. Daerah

Pertanyaan

1.Apa tegese rimbag sambawa iku? Wenehana tuladhane!
2. Apa sing diarani ukara lamba lan ukara camboran iku?

1 Jawaban

  • 1. Rimbag sambawa yaiku sakabehing tembung kang oleh panambang “-a, -na,-ana” kang duwehi teges pangarep-arep, sanajan, mokal, umpama, pangajab.

    Tuladha:- Mbokyo Ella tekaa kene ngono yo atiku seneng banget. (pangarep-arep)- Kotambanana simbahmu ora bakal mari. (senajan)- Kowe maneh pintera, wong aku bae ora pinter kok, Mir! (mokal)- Mangkata dhek mau ora ketelatan bis. (umpama)- Glundhunga sisan ngono ngepit kok yak-yakan. (pangajab)

    2. Ukara lamba yaiku ukara kang medharake gagasan (ciptaning ati) mung sae bab utawa dianggep mung sebab. Ukara iki saora-orane dumadi saka jejer lan wasesa.
        Ukara Camboran yaiku ukara kang isi andharan rangkep, dumadi saka manunggale ukara loro utawa luwih; ukara siji lan sijine madeg dhewe-dhewe sarta isining ukara mau ana gandheng cenenge.

Pertanyaan Lainnya