B. Daerah

Pertanyaan

Surat dengan bahasa jawa untuk kluarga yg jauh

1 Jawaban

  • Surabaya, 1 April 2013Katur dhumateng
    Bapak saha Ibu
    ing ndalem

    Sembah pangabekti,

    Kanthi serat punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula ing Surabaya tansah pinaringan rahayu wilujeng ing pangamoyaning Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang dalem suwun, mugi-mugi kawontenan Bapak dalah Ibu saha kulawarga ing Pacitan ugi mekatana.

    Kajawi ingkang ing nginggil, keng putra ngaturi uninga bilih benjing wekdal liburan semester gasal ing wulan Januari keng putra wonten kegiyatan Study Tour dhateng Pulo Bali. Pramila saking punika keng putra nyuwun kintunan arta kangge mbayar kekirangan tabungan tour lan kangge sangu ingkang cacahanipum Rp 400.000,00. Wondene tampi rapot benjing tanggal April 2013. Menawi wonten kalodhangan wekdal keparenga Bapak/Ibu tindak Surabaya mendhet rapot ing sekolahan. Menawi Bapak utawi Ibu repot dipunpendhet Pakdhe boten menapa. Keng putra wangsul dhateng Pacitan, benjing sasampunipun Study Tour dhateng Pulo Bali antawis tanggal 21 April 2013.

    Wasana cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten kirang langkunging atur, keng putra nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

    Keng putra tuhu tresna

    Natasha Maulidha Sukendro

    Komentartidak puas? sampaikan!

    4.3

    65 pilih

    TERIMA KASIH

    197



    marlenia16Si Hebat

    Marang bapak lan ibu
    Ing Surabaya

    Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh, 

    Singkat wae kanggo kaweruhan bapak lan Ibu menawa kula dikene jero kaanan waras walafiat, muga-muga bapak  lan Ibu serat adhi - adhi aku neng omah bisa ngalami den samya uga, Amin. bapak lan Ibu, layang sing kula kirimake liwat kanca iki, mung kula arep wenehi ngerti bapak lan Ibu menawa dina iki kula wis nutugake ujian karo becik. kanggo kuwi nang liburan minggu ngarep kula rencana mulih menyang Sorong, nek bapak lan Ibu mengizinkan. 
    kuwi wae sing pengen kula ngantekne marang bapak lan Ibu. 

    Sleman, 1 Mei 2013 

    Anakmu Marlenia


    namanya bisa diganti

Pertanyaan Lainnya